Sekang Ngumah tekan Warnet
Kawit wingi ngePlurk terus, arep posting neng kene dadi madan kepiwe rasane… udu si males.. wis addicted terserang flu burunge Plurk apa yah? hiks… Meh 3 dina nek ra salah ora posting, rasane ra penak juga.
Esuk² kaya biasane tangi jam 5, nek lagi males ya jam 6, huheueh.. adus sarap siap² mangkat kerja.. Metu sekang umah disambut neng tanaman² hias duweke Pak Dhe sing macem² jenise, anthurium, aglonema, kembang²an, lan liya²ne.. Metu tekan trotoar weruh bapak² nek ora ibu² pada nganter putra-putrine sekolah neng TK Aisyiyah (biasane diarani TK Donal), seliane kuwe ana cah² PT sing pada mangkat kerja dengan semangatnya menggenjot pit dan mengegas motor. Ana bakul sate neng ngarep TK sing wis stand by kawit subuh, bakul² snek, dolanan, sosis goreng, bakso goreng, lan liya²ne juga wis siap² nggolet duit nggo nyambung urip.
Mlaku setitik maring ngetan, si Edi, sang penjaga jendela dunia, aliase petugas penyewaan buku dan komik Doraemon wis lagi siap² mbukak kiose. Ketemu wong Bandung sing bukak galeri gorden neng sebelahe, ora patia kenal sih, dadi ya.. senyum sapa terus sliwerrr bae.. ![]()
Ngetan maning ana Toko Komputer Appolo, si Aji sing jaga lagi sarap karo nasi uduk tuku sekang mas² bakul nasi uduk sing biasane nganggo hem rapiiiiiiiiiii banget. Mlebu toko, ketemu terus ngobrol sedela karo Aji, metu.. neng ngidul dalan ana Kang Lehan, tukang cukur andalane wong Karang Tengah. Ya kaya biasane, nyapa tok. ![]()
Diterusna maring ngetan maning, neng ngarep Agen Koran Suara Merdeka, loper² koran lagi pada tata² koran, siap muter² menyebarkan berita… Ora liya Pak Mad juga neng kono, lagi ngrewangi beres² koran sekalian siap² mbukak kios bensin duweke dewek.
Ngobrol sedela karo Pak Mad.. huhuhuehe.. ![]()
Wis ngobrol.. meneruskan perjalanan maning maring ngetan tekan prapatan.. neng ngidul dalan ana Foto Copy TriJaya, seperti biasane sing tugas neng kono cah cilik mbuh sapa arane.. ngundang² aku dengan maksud ingin menyapa.. aku sapa balik..
Pak Polisi sing biasane wis ngadeg neng prapatan tumben lagi ra keton, mbuh kenapa.. langsung bae mlaku maning.. kali ini arep lewat ngelor.. (ana 2 dalan alternatif.. ngetan karo ngalor.. aku pilih ngalor).
Huff.. ana 20 meteran mlaku meh ra ana sing kenal. Sebelah kanan Apotek-e Dokter Nonot, esih tutup. Bengkele Pak Yoto ya pada bae.. esih tutup. Apa maning tokone.. rung ana kehidupan… HUff.. mboseni neng kene.. nyabrang maring ngetan.. tepat neng ngarep toko underwear (bra karo celana dalam).. sing jaga cewek euy.. cantik si, tapi katon somse.. iks.. Tak tinggal.. mlaku ngalorr maning tekan ngarepe umahe Bayu sing nembe direnovasi. Sampai deh neng pertelon Lawet.
Sekang pertelon Lawet aku mlaku ngetan.. neng kene jarang sing aku kenal.. Mbah Dirun sing biasane neng ngarepan lagi nggosip rung keton.. umah sebelahe yaiku markas besar kru MAXIMA Artmedia ya pada bae.. nyenyet.. esih pada molor ndean..
Ngarep markase kru maxima ana ibu² sing biasane njajan neng warunge biyungkuw.. yah anu ra patia kenal ya kur senyam senyum tok.. ![]()
Lurus terus.. tekan ngarep warunge mboke.. neng kene la madan rame, ana Pak Untung karo Ibu Untung sing arep mangkat kerja. Mlaku maning tekan pertigaan Kingsan, ketemu tukang becak sing ora dikenal.. kur deleng²an tok.. maklum udu insan manusia ingkang baik ya kados niku.. haruse si salaman apa sekedar nyapa atau apa… huehuehe..
Mlaku maning..
Akhire tekan pertigaaan maning.. masuk Jl. Kanoman.. Gerbang mencekam.. (lo..) kenapa? ya.. begitulah.. neng pertigaan kuwe sering banget kecelakaan, mbuh mobil, motor, wong, wedus, kucing, ayam.. sering banget olih malapetaka neng kono… Mlaku ngengsreng terus.. ketemu mbok² loro sing biasane tukaran.. sementara ngarep umahe ana umahe Pak Sugeng sing duwe Percetakan Semangat. Lengang…
Melangkahkan kaki maning.. tekang ngarep Pendopo Anto Juan (apa yah namane.. rada kelalen.. sementara kiye ndipit..) sekilas bangunan sing rung rampung le digarap kiye kaya pendopo.. tapi kaya rumah makan juga.. neng sebelahe ana umah artistik banget.. amba latare.. keton ana beberapa kuli lagi ngrampungna gaweane..
Maju setitik ana si Puput lagi nyapu neng latar.. kanca SMAku siki kuliah neng Unsoed nek ra salah..
Nyampe neng ngarep mesjid sing latare amba banget, kesane angker neng kene.. yah.. sering juga si nek neng kene ana sing diwedeni makhluk halus neng kene.. contone kaya si abas sing diweruih wong 6 manggul bandusan maghrib², padahal ra ana wong mati.
Mlaku maning…
Tekan pertigaan nggone mboke sing duwe warung cedak pos kamling. Konon mboke kiye wis dodolan rames karo gorengan neng warung kawit bosku sekolah neng SMP 2 mbiyen.. wahh.. bisa dibayangna umure mboke pira… iks..
Mlaku kurang lewih 20 meter.. akhire tekan neng ngarep MAXIMA ArtMedia, nggonku sinau lan ngadu nasib. eh ora ngadu dink.. tempatku berusaha melakukan yang terbaik buat hidupkuw.. hueheuhe..
Yah.. begitulah.. pemandangan² kuwe sing meh aben dina tak deleng lan tak lakoni..